Pages

Total Tayangan Halaman

Sabtu, 10 September 2011

pambgya harja (tampi pasrah calon pengantin kakung)

aTAMPI PASRAH CALON PENGANTEN KAKUNG

            Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
          Winantu ing kawilujengan.
          Bapak saha Ibu                      ,dalasan sagung keluarga miwah para rawuh kakung sumawana putrid ingkang minulya.
          Sumangga kula dherekaken ngaturaken sedaya puja-puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun gusti ingkang Murbeng Gesang awit sih nugrahanipun ingkang sampun dipun paringaken dhumateng kita sekaliyan.
          Tumanggap pangandikanipun Bapak                               ,ing anyulihi Bapak saha Ibu                                                ,ingakang amasrahaken calon penganten kakung, kepareng kula matur minangka sesulihipun Bapak saha Ibu                                        , kula kadhawuhan tampi pasrah calon penganten kakung.
          Pramila, keparenga amratelakake bilih ing samangke wanci tabuh 10 calon penganten kakung kula tampi kanthi sae, andadosaken suka bingahing manah.
          Selajengipun calon penganten kakung badhe sarimbit kaliyan calon penganten putri pun Nakajeng                                       ,dumungkap upacara candhakipun.
          Mekaten atue panampi kula. Mbok billih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang mbotem ndadosaken renaning penggalih, inggih awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra.
          Matur nuwun,
Akhirul kalam, wassalamu’alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

0 komentar:

Posting Komentar

 

(c)2009 javanes euy. Based in Wordpress by wpthemesfree Created by Templates for Blogger