Pages

Total Tayangan Halaman

Senin, 21 November 2011

wernane crita pengalaman

WARNA-WARNANE CRITA PENGALAMAN

§     Crita lucu :
Tembung lucu tegese gawe ngguyu. Kang diarani lucu manut teori yaiku :

a.      Teori suprioritas degradasi
Tegese wong rumangsa seneng lan lucu yen diunggulake nanging ora jumbuh karo kasunyatan
b.      Teori bisosiasi
Tegese wong rumangsa lucu sawise ngrumangsani ora gathuk antarane angen-angen karo kasunyatan.
c.       Tori inhibasi
Tegese wis sakmesthine yen rasa ora kepenak bisa kawetu / kelegan.
§     Crita gawe bungah
Yaiku crita Manawa wong sing krungu melu seneng atine
§     Crita gawe susah
Yaiku crita Manawa dicritakake marang wong liya, sing krungu crita mau dadi melu sedih/susah utawa melu mesakake.

Rabu, 09 November 2011

wawancara

WAWANCARA 
wawancara yaiku golek informasi saka wong liya kang diarani narasumber. babagan kan perllu digatekake sadurunge nindakake wawancara yaiku mangkene :
1. nemtokake topik wawancara
2. nemtokake tujuane (informasi apa kanng pengin digoleki)
3. nyiapake pitakon-pitakon
4. nemtokake sopo narasumber,
5. gawe janji karo narasumber, kapan lan ana ing papan ngendi anggone ketemu kanggo wawancara (amrih becike iku manut narasumber)

nalika wawancara kang kudu nggatekake babagan :
1. miwiti wawancara kanthi trep
2. nganggo basa kang trep
3. dilakoni kanthi santai (ora nggekeng)
4. menawa pengin valid kudu nggunakake alat perekam
5. pandelenge tumuju marang narasumber
6. aja manehi pitakon : kang wangsulane ya utawa ora
7. mungkasi wawancara kanthi ngaturaken panuwun amarga narasumber wis menehi informasi

Jumat, 04 November 2011

jenise paragrap

Jenise paragrap yaiku :


1. Paragrap deduktif 
yaiku paragrap kang ukara bakune mapan ing wiwitane paragrap utawa ngarep dhewe.

2. paragrap induktif
yaiku paragrap kang ukara bakune/ukara lajere mapan ana ing pungkasane paragrap.
bedane ukara deduktif lan induktif
deduktif :
a.ukara bakune ing ngarep paragrap
b.ukarane saka asifat umum menyang ukara kang sipate mligi (khusus)
induktif :
a.ukara bakune ing mburi paragrap
b.ukarane saka asifat mligi menyang ukara kang sifate umum.

3. paragrap campuran utawa paragrap induktif-deduktif
yaiku paragrap kang ukara bakune utawa ukara lajere mapan ing wiwitan lan pungkasaning paragrap

Sabtu, 10 September 2011

pambgya harja (tampi pasrah calon pengantin kakung)

aTAMPI PASRAH CALON PENGANTEN KAKUNG

            Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
          Winantu ing kawilujengan.
          Bapak saha Ibu                      ,dalasan sagung keluarga miwah para rawuh kakung sumawana putrid ingkang minulya.
          Sumangga kula dherekaken ngaturaken sedaya puja-puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun gusti ingkang Murbeng Gesang awit sih nugrahanipun ingkang sampun dipun paringaken dhumateng kita sekaliyan.
          Tumanggap pangandikanipun Bapak                               ,ing anyulihi Bapak saha Ibu                                                ,ingakang amasrahaken calon penganten kakung, kepareng kula matur minangka sesulihipun Bapak saha Ibu                                        , kula kadhawuhan tampi pasrah calon penganten kakung.
          Pramila, keparenga amratelakake bilih ing samangke wanci tabuh 10 calon penganten kakung kula tampi kanthi sae, andadosaken suka bingahing manah.
          Selajengipun calon penganten kakung badhe sarimbit kaliyan calon penganten putri pun Nakajeng                                       ,dumungkap upacara candhakipun.
          Mekaten atue panampi kula. Mbok billih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang mbotem ndadosaken renaning penggalih, inggih awit saking cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra.
          Matur nuwun,
Akhirul kalam, wassalamu’alaikum warahmatullahi wa barakatuh.
 

(c)2009 javanes euy. Based in Wordpress by wpthemesfree Created by Templates for Blogger